Gendhing-gendhing sungkawa atau gendhing kesedihan berikut ini hasil konversi dari kaset yang baru saja diperoleh. Bersama Karawitan Riris Raras Irama pimpinan R. Harjono dengan waranggana atau pesindhen Anik Sunyahni, Supadmi. [lama ditunggu oleh pecinta Sukoasih/Sukolaras]
- Ktw. Pegatsih Sl.9 (08:53)
- Ktw. Pasrah Sl.My (08:51)
- Ktw. Lara Nangis (08:48)
- Ktw. Nglenggana Sl.My (08:50)
- Ktw. Rujit Sl.9 (07:08)
- Ktw. Prihatin Pl.Br (09:19)
Nderek unduh nggih. Kaset pita kula gending sungkawa risak, terus sakmenika dereng wonten gantosipun.. Dados menawi wonten tiyang sedo nggih mawi mboten ngagem iringan. Matur suwun
Matur sembah nuwun gending sungkawanipun. Mugi2 Sukaasih tansah moncer
Sami2 mas Ragiel. Tengga mangke kula unggah gendhing/beksan enggal oleh2 saking bibar manthuk Solo.
Gendhing gagrag Banyumasan, Jawa Timuran lan Guyonan saking Surono, Ki. Suroto utawi Genderan Nyamleng. Sedoyo produksi Lokananta
we.. lha… kundur saking solo ngasto oleh-2 kathah..? 🙂
namung kok boten wonten ingkang dipun ampiraken dateng patran? 😀
Wekdalipun dioyak-oyak masWi, nopo malih diajak masIndranoto ngraosaken mie godhog dateng arah pr.tritis [juan kemringet tenan jalaran adooohe].
Mangke sanes wekdal kulo khususaken pinanggih masWijono.
nyuwun gending sungkawa . Lara Lara sl 9.pados dateng kaset mboten manggihaken.
Nova, bokmenawi ingkang dipun kersakaken Loro2 Topeng. Menawi Lara-Lara Sl.9 kula kok dereng nate mirsani utawi mirengaken.
mas,mbok menawi kepareng kawula nyuwun vokal gerongipun mbok mnawi wnten sekalian not ipun…..smbahnuwun
Kula padosi buku notasi kula kok mboten wonten nggih. Cobi dipun mirengaken lajeng dipun simak balunganipun lajeng kaserat ugi geronganipun.
matur nuwun gendhingipun… dados berkah tumrap raos kula…
Tak tunggu mas tolong tulisne sajak,e loro nanggis bila tau sak artine nuwun
Ktw. Lara Nangis Sl.9
Angendhanu rembulan kasaput mendung
Kang sarwa katon sedih
Bumi langit katon sinrung
Pindhanesah mesu budi
Lan manembah mring Hyang Manon
Wis bejane uripe kang nglantur-antur
Lara lapa jroning ati
Tininggal mring bapa biyung
Tan ana kang den sambati
Sungkawa keraos-raos
Adhuh-adhuh Gusti Kula Hyang Maha Agung
Kabacuta ngladrah mami
Gesang amba kraos suwung
Tanpa luwar tanpa kanthi
Aluwung tumekeng layon
Nyuwun sewu niki mas Sumaji dari mana ya, apa pernah main gamelan di Gatot Subroto 51 nggih?