Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus rahayu nir ing sambekala. Dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalian.
Jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekalian binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya laras pelog pathet barang
Sumangga, nuwun… 😉