Kados sampun sami kawuningan bilih budaya tradhisi Jawi sampun misuwur ing saindenging bawana. Seni budaya Jawi punika mawarni-warni: seni tari, seni karawitan, seni suara, seni pedalangan, seni lukis, seni tradhisi penganten, seni ukir,lsp. Ing mriki kula badhe angaturaken menggah wontenipun tradhisi penganten Jawi. Awit ing babagan punika ingkang kula anggep jumbuh kalian umur-umuran kula ingkang sampun lungse mangsa, saha cocok kalian gegebenganing manah, supados anggenipun nindakaken bab seni tradhisi penganten Jawi punika mboten sasar-susur kadhangkala malah nalisir saking jejering babonipun. Eman sanget menawi lampahing budaya adiluhung tumrap penganten Jawi punika naming dipun cakaken kanthi acak-acakan, kanti pangertosan ingkang tanpa keblat, dangu-dangu dados risaking budaya kasebat, ical saking punjering budayanipun.
Dene punjeripun tradhisi budaya penganten punika anulat saking keraton dalem Surakarta Hadiningrat, sanadyan boten jebles, awit ngemuti tumengkaring jaman utawi ngemuti tataraning agesang kanthi satundha sabilik-bilik kanthi pangajap supados tansah memetri mrih leresipun budaya ingkang adiluhung punika.
Ing serat naskah punika kula aturaken sarana ringkes babagan pitepangan tuwin silaturahmi, tembungan, lamaran, paningset, dhedhaupan penganten jangkep, ngundhuh penganten tuwin gendhing-gendhingipun.
A. Pitepangan utawi Silaturahmi
Ing jaman kina badhe ngemah-emahaken lare punika, lare sami lare dereng sami tepang. Rama ibu kalih-kalih ipun sasampun ipun cocok nembe kawontenaken silaturahmi keluarga lare ingkang bade dipun emah-emahaken kadhawuhan nderek lajeng pitepangan sesarengan. Ing jaman samangke lare sampun sami cocogipun, nembe matur dhateng tiyang sepuhipun piyambak-piyambak. Dene tiang sepuh gadhah paugeran anjodhokaken lare (kautamen ing jaman kina) wonten tigang prekawis ingkang dados pathokanipun:
– Bebet : bab watak kelakuan lare ingkang ingkang badhe kapundhut mantu.
– Bibit : bab tatalahir kados pundi kawontenanipun ingkang nurunaken sarta ingkang badhe kapendet mantu (sakit engetan,ayan,lsp)
– Bobot : kawontenan kadonyan minangka sarat sarana kiyating adeging bale griya.
B. Tembungan
Lare estri saking tiyang sepuhipun sampun wonten ingkang gadah punapa dereng. Menawi tasih lomban badhe kajodhokaken kalian jejaka putra saking keluarga kakung. Menawi sampun sami sarujuk lajeng dipun lajengaken lamaran.
C. Lamaran
Ingkang nglamar saking keluargo kakung, ingkang dipunlamar lare estri saking keluarga putri. Ugi wonten sawenehing adhat ingkang katindakaken dhawah kosok wangsul.
D. Paningset [dilanjutkan kemudian]
Nyuwun dipun wedar ingkang gagrag pakem Ngayogyokarto.
matur sembah nuwun
Badhe mantu nggih, ditenggo ulemanipun. Bu Djudju kulo kinten kerso kok, lha wong nate rasan rasan kok.
Mangga kula aturi simak lan waos tata cara upacara penganten adat Ngayogyokarto wonten mriki utawi dateng link niki.
Lha menawi ngersakaken gendhinganipun mas Sukoasih wonten sedoyo, sumangga kangmas Indranoto
Namung badhe ngudi kawruh….supados mboten pikantuk pangraosan ” wong djawa kok ra ngerti djawane”